SELAMAT DATANG DI BLOG JOGJA TV, HADIR DENGAN TRADISI KHAS JOGJA DARI JAM 06.00 WIB - 24.00 WIBKAPOLRES CIREBON AKBP HERUKOCO YANG MENJADI KORBAN BOM BUNUH DIRI DI MASJID MILIK MAPOLRES CIREBON KOTA SUDAH MULAI STABIL AKBP HERUKOCO MENJALANI RAWAT INAP DI RS PERTAMINA, KOTA CIREBON, JAWA BARATKORBAN BOM BUNUH DIRI DI MASJID MAPOLRESTA CIREBON 30 ORANG LUKA, 24 DIANTARANYA POLISI POLISI MASIH MENCARI IDENTITAS PELAKU BOM BUNUH DIRI YANG TEWAS DALAM SERANGAN BOM TERSEBUTFORUM UMAT ISLAM (FUI): PELAKU BOM BUNUH DIRI TAK PAHAM ATURAN JIHADFUI MENGUTUK BOM BUNUH DIRI DI MASJID MAPOLRES CIREBONFUI MENDUGA ADA UPAYA UNTUK MENGADU DOMBA UMAT ISLAM DAN POLISIFUI MEMINTA UMAT ISLAM AGAR WASPADA TERHADAP AKSI-AKSI PROVOKATIFSEBUAH KAPAL TUA DITEMUKAN DI AREAL SAWAH MILIK LASMIJAN DI JALUR 16 DESA MARGOMULYO, KECAMATAN MUARASUGIHAN, BANYUASINSEORANG TKI DI YORDANIA BERNAMA NURUL AHMAD LUKMAN DISIKSA MAJIKANNYA HINGGA BUTA SEBELAHPEMERINTAH SUDAH MENGIRIM PASUKAN KHUSUS UNTUK MEMBEBASKAN SANDERAPEMERINTAH AKHIRNYA MEMILIH JALUR NEGOSIASI DAN MEMPERSIAPKAN UANG UNTUK MENEBUS SANDERA YANG DITAWAN PEROMPAK SOMALIAPARTAI PERSATUAN PEMBANGUNAN (PPP) AKAN TETAP BERADA DI DALAM KOALISI HINGGA 2014MENTERI AGAMA SURYA DHARMA ALI MENGUTUK AKSI BOM BUNUH DIRI DI MAPOLRESTA CIREBON, JAWA BARAT (15/4)PRAKIRAAN CUACA DI DIY HARI INI: HUJAN RINGAN, SUHU: 22 – 31 DERAJAT CELCIUS, KELEMBABAN: 59 – 97 PERSENMOTIF DAN IDENTITAS PELAKU BOM BUNUH DIRI DI MAPOLRES CIREBON BELUM DIKETAHUIANTISIPASI AKSI BOM, TENTARA DAN POLISI JAGA BANDARA SOEKARNO-HATTAKOMISI YUDISIAL (KY) MENEMUKAN INDIKASI ADANYA PENGABAIAN BUKTI YANG DILAKUKAN HAKIM PADA PERKARA ANTASARI AZHARNATO MEMINTA MAAF ATAS TERBUNUHNYA SEMBILAN WARGA SIPIL SAAT BEROPERASI DI KAWASAN AFGANISTAN TIMUR LAUT
Showing posts with label Pawartos Ngayogyakarto. Show all posts
Showing posts with label Pawartos Ngayogyakarto. Show all posts

Monday, April 25, 2011

Upacara Saraswati

Gunungkidul, www.jogjatv.tv - Umat Hindhu ing Gunungkidul, dinten Setu enjing kalawingi(23/4), ngadani Upacara Pasembahyangan Dinten Saraswati. Dinten Saraswati ingkang dipun pahargya dening umat Hindu saben 210 dinten punika, minangka pakurmatan dhateng Dewi Saraswati, Dewi Ngelmi lan Seserepan.

Umat Hindu ing Gunungkidul mengeti dinten Saraswati, kanthi ngadani upacara pasembahyangan ing Pura Bakti Widhi, Bendho, Beji, Ngawen, Gunungkidul. Dinten Saraswati, mujudaken pengetan miyosipun Sang Hyang Aji Saraswati, minangka pralambang miyosipun ngelmi Weda, utawi ngelmi dhasar piwucal Agami Hindhu. Kanthi ngagem busana mirunggan, atusan umat Hindhu nindakaken sembahyang kanthi tumemen.
Kajawi mirengaken sesorah saking pinandhita, umat Hindhu ugi ngadani upacara nyuwun berkah lan kawilujengan nglampahi gesang. Salebetipun pasembahyangan, ugi dipun dumaken tirta suci kangge umat ingkang tumut upacara, sarta uwos minangka lambang kesuburan lan kemakmuran.

Candra Saputra

Read More..

Regi Lombok Anjlok

Gunungkidul, www.jogjatv.tv - Sasampunipun sawetawis wekdal kapengker regi lombok awis satemah ndudut kawigatosan saking sawetawis pehak, samangke regi lombok anjlok. Regi lombok ingkang sakawit Rp. 12.000,- ngantos Rp. 15.000,- samangke reginipun namung Rp. 6.000,- saben kilonipun.
Anjlokipun regi lombok nuwuhaken kaprihatosan tumrap para kadang tani ing sawetawis tlatah wewengkon Kabupaten Gunungkidul. Awisipun regi lombok sawetawis wekdal kapengker, dipun wawas dening petani minangka kalodhangan kangge pados bebathen, nanging kasunyatanipun dhawah kosok wangsulipun. Nalika petani panen lombok, regi lombok anjlok. Sukatmi salah satunggaling petani ing Karangmojo, Gunungkidul mratelakaken, anjlokipun regi lombok njalari petani nandhang kapitunan.
Mboten namung anjlokipun regi kemawon ingkang njalari sesangganipun para kadang tani lombok saya awrat. Ing mangsa panen samangke, kathah uwit lombok ingkang ugi katerak pathek, satemah kathah uwoh lombok ingkang risak, lan para kadang tani gagal panen.

Chandra Saputra


Read More..

Sarapan Sesarengan Saderengipun Ujian Nasional

Kulonprogo, www.jogjatv.tv - 20 siswa kelas III, SMP Negeri IV Pengasih ing Dusun Kemaras, Desa Sidomulyo, Kecamatan Pengasih, Kulon Progo dinten Senen enjing(25/4), sami sarapan sesarengan saderengipun Ujian Nasional. Kanthi sarapan sesarengan punika, siswa dipun ajab saged tumemen anggenipun nggarap soal soal Ujian Nasional.
Saderengipun Ujian Nasional dipun wiwiti, siswa mlempak ing ruang kelas lan sarapan sesarengan, supados saged tumemen anggenipun nggarap soal-soal Ujian Nasional. Namung kanthi lawuh ingkang prasaja, para siswa katingal rahap anggenipun sarapan. Tradisi punika sampun lumampah 7 tahun, lan samangke taksih dipun lestantunaken. Sasampunipun sarapan, para siswa dedonga langkung rumiyin, saderengipun mlebet dhateng ruang ujian. Nalika ujian dipun wiwiti, para pengawas lajeng ngedumaken soal ujian. Para siswa katingal tentrem, lan tumemen anggenipun nggarap soal ujian.


Muhammad Sugeng


Read More..

Saturday, April 23, 2011

Milih Kader PKK Istimewa

Ngayogyakarta, www.jogjatv.tv - Pinangka lampah biyawara Program Pokok PKK, Tim Penggerak PKK Kecamatan Gondomanan Setu enjing(23/4), ngadani kridha milih kader istimewa mapan ing pendhapi Kecamatan Gondomanan. Tata gelar lampahing kridha punika kadosdene tetandhingan tumprap ratu sajagad.
Taksih salebeting suwasana pengetan Hari Kartini, para Kader PKK ing Kecamatan Gondomanan, katingal beda kaliyan padatan. 86 kader ingkang dumados saking Kader Yandu, Kader PAUD, Kader KB Lan Kader Kesehatan punika ngangge kebaya Jawi jangkep, kados kados lampah pamilihing ratu sajagad. Kangge nentokaken sinten ingkang sasab, panitia milih 10 pasarta ingkang kawawas sae. 10 pasarta kasebat kajawi dipun kedahaken saged mangsuli pitakenan, ugi kedah saged mitontonaken kaprigelanipun mlampah kados dene peragawati.
Camat Gondomanan, Suparji ngajab, supados kader istimewa ingkang kapilih saged suka panjurung greget dhateng Kader-kader PKK, kangge ngrembakakaken kasagedan lan tansah ngupiyakaken biyawara babagan Program PKK. Pinangka kridha ingkang sepisanan dipun adani ing Ngayogyakarta, lampah pamilihing Kader Istimewa yektinipun saged dipun tulad dening kecamatan sanesipun, pinangka cara kangge nyengkuyung karaharjaning kulawarga.

Ernyta-Andri Yulianto


Read More..

Welingan Ekspor Sepedha Onthel Mindhak

Sleman, www.jogjatv.tv - Samangke regi panyadening sepedha onthel mindhak awis. Bab kasebat kejawi jalaran kathah masyarakat ingkang remen dhateng sepedha onthel, ugi awit kathahipun welingan sepedha onthel saking mancanegari.

Sawetawis bakul sepedha onthel ing Peken Srikaton, Desa Margoagung, Kecamatan Seyegan, Sleman mratelakaken, samangke panyadening sepedha onthel mliginipun sepedha kina, katingal saya laris. Kathahipun tetiyang ingkang mundhut sepedha onthel, njalari regi panyadenipun mindhak awis. Kadosta sepedha onthel ingkang sakawit reginipun Rp. 500.000,- samangke mindhak dados Rp. 1 yuta. Sepedha merek Rely ingkang sakawit reginipun Rp. 3 yuta, samangke mindhak dados Rp. 7 yuta. Sepedha merek Gazele ingkang sakawit reginipun Rp. 25 yuta, samangke mindhak dados Rp. 50 yuta. Miturut Ketua Paguyuban Bakul Sepedha ing Peken Sri Katon, Sugeng, mindhakipun panyadening sepedha onthel jalaran samangke kathah masyarakat ingkang nanjakaken sepedha minangka sarana olahraga. Kejawi punika ugi awit kathahipun welingan saking mancanegari, mliginipun saking Hongkong.
Saya awisipun regi sepedha onthel, njalari para bakul sepedha samangke kangelan pikantuk barang dagangan kanthi regi ingkang langkung mirah.

Subardi

Read More..

Pengetan Miyosipun RA Kartini

Sleman, www.jogjatv.tv - Pahargyan Hari Kartini kangge mengeti miyosipun Raden Ajeng Kartini racakipun dipun adani upacara kanthi mangangge busana adat, tuwin maneka lomba ingkang dipun lampahaken dening para siswa. Maneka kridha kasebat mujudaken pangaji-aji dhateng labuh labetipun Raden Ajeng Kartini, ingkang sampun ngupiyakaken njunjung drajating wanita satimbang kaliyan priya.
Pinangka satunggaling wujud pangaji-aji dhateng lelabuhanipun Raden Ajeng Kartini, dinten Setu enjing(23/4), para siswa siswi SMA Negeri I Kalasan, Sleman ngadani upacara bendera mapan ing plataran sekolah. Para guru lan siswa anggenipun ngangge busana Jawi kanthi pangangkah kangge nuwuhaken raos tresna dateng budaya Jawi, pinangka peranganing busana adat ing nuswantara. Miturut Kepala SMA Negeri I Kalasan, Tri Sugiharto, kridha punika kangge nelakaken raos katresnanipun dhateng bangsa lan negari. Kajawi punika ugi pinangka pemut dhateng para siswi supados tansah nuladha lampah utaminipun Raden Ajeng Kartini ingkang tanpa kendhat ngupiyakaken wanita Indonesia supados saged lenggah sajajar kaliyan priya. Gegayuhan luhur kasebat samangke sampun wiwit katingal gatranipun.
Pengetan miyosipun RA Kartini ing SMA Negeri I Kalasan, ugi dipun regengaken kanthi maneka lomba, antawisipun lomba tumpeng, sesorah basa Jawi ugi fashion show ingkang pasartanipun para siswa–siswi sekolah kasebat.

Heri Susanto


Read More..

Gebleg Kenteng

Purworejo, www.jogjatv.tv - Kejawi kue Bagelen, Kabupaten Purworejo ugi gadhah tetedhan mirunggan ingkang dipun sebat gebleg. Usaha pandameling gebleg kasebat sampun lumampah 20 taun.
Gebleg mujudaken salah satunggaling tetedhan mirunggan ing Kabupaten Purworejo. Sinaosa kadamel saking pathi ananging gebleg tetela beda kaliyan lanthing. Gebleg langkung empuk, wondene lanthing langkung atos. Ing satunggaling wande ing pinggir margi Desa Kenteng, Kecamatan Banyu Urip, Purworejo, dipun panggihaken usaha pandameling gebleg gadhahanipun Bu Parti, ingkang sampun lumampah 20 taun. Samangke usahanipun Bu Parti dipun lajengaken dening yoganipun, Rian. Salebeting sedinten, Rian saged damel gebleg 50 kilo, lan menawi ndungkap lebaran pandameling gebleg saged nggayuh 150 kilo. Bahan baku gebleg inggih punika pathi, bawang lan sarem.
Ingkang tumbas gebleg limrahipun namung saking warga sakiwa tengenipun, ananging menawi ngancik mangsa liburan, ugi kathah tetiyang saking Jakarta, Bandung, Surabaya lan Ngayogyakarta ingkang tumbas gebleg damelanipun.
Menawi panjenengan kepengin mundhut gebleg Bu Parti, sumangga tindak dhateng Desa Kenteng, Kecamatan Banyuurip, Purworejo. Kangge gebleg ingkang taksih mentah saged tahan ngantos seminggu. Pramila menggahipun panjenengan ingkang saking saknjawining rangkah boten perlu kuwatos mundhut gebleg punika.

Pambudi


Read More..

Welingan Bibit Holtikultura Mindhak

Sleman, www.jogjatv.tv - Mangsa ketiga kawawas trep kangge nanem maneka jinis taneman palawija lan hortikultura. Awit saking punika, salebeting mangsa ketiga, para bakul bibit holtikultura ing Sleman kathah nampi welingan saking para kadang tani.
Para bakul bibit taneman pangan ing Kabupaten Sleman mratelakaken, sampun sawetawis wulan punika regining bibit uwoh wohan lan sayuran, mliginipun lombok, mindhak awis. Bab kasebat jalaran ngancik mangsa ketiga, kathah sanak kadang tani ingkang nanem taneman holtikultura. Awit saking punika, panyadening bibit holtikultura kadosta lombok, melon lan kates jinis unggul mindhak kathah.
Sugeng ugi mratelakaken, sinaosa ingkang mundhut bibit holtikultura mindhak kathah, ananging regi panyadenipun popog. Bab punika, jalaran bakul ingkang nyade bibit taneman holtikultura samangke ugi kathah.

Subardi


Read More..

RA.Kartini Taksih Minangka Idola Kartini Modern

Ngayogyakarta, www.jogjatv.tv - Sanajan tanggal 21 April minangka pengetan miyosipun Raden Ajeng Kartini sampun kapengker, nanging ngantos samangke taksih kathah ingkang mengeti. Pangajabipun para wanita amrih para pemimpin mliginipun para wanita ingkang jejer minangka pangarsa tansaya kathah, supados saged mitontonaken labuh labetipun dhateng Bangsa Indonesia.
Raden Ajeng Kartini, mujudaken wanita ingkang tanpa kendhat dumugi puputing yuswa nedya ngupiyakaken kalenggahaning wanita satimbang kaliyan priya. Mila boten mokal manawi kathah para siswa ndadosaken Raden Ajeng Kartini pinangka panutan. Miturut para rumaja putri anggenipun mengangge kebaya kados dene Kartini, ugi minangka pratelan pangaji-aji raden ajeng tumrap Kartini. Kathah ingkang nelakaken bilih kawontenan samangke kangge mujudaken gegayuhan menggahing wanita boten awrat kados rumiyin. Magepokan kaliyan kawontenan kaebat dipun ajab ing tembe saya kathah wanita ingkang saged jejer pinangka pangarsa supados bangsa lan nagari Indonesia saya kawentar.
Saben taun lampahing adicara pengetan miyosipun Raden Ajeng Kartini tansah regeng. Ananging badhe langkung prayogi manawi Kartini ing wekdal samangke, saged mujudaken kanthi sanyata gegayuhanipun Raden Ajeng Kartini, salebeting bebrayan agung, tanpa nilar kodrating wanita pinangka ibu.

Heri Susanto


Read More..

Ibu-Ibu Ngregengaken Pentas Kartini

\
Bantul, www.jogjatv.tv - Maneka kridha dipun lampahaken ibu-ibu kangge ngregengaken pengetan Hari Kartini. Kadosta ingkang dipun lampahaken dening ibu-ibu ing Dusun Potorono, Banguntapan, Bantul ingkang nggelar pentas seni, malem Setu kalawingi(22/4).
Ibu-ibu warga Dusun Potorono ingkang manunggal salebeting kridha dasawisma punika, nglampahaken kridha panglipur kangge ngregengaken pengetan Hari Kartini. Maneka kridha panglipur dipun pitontonaken kadosta gerak dan lagu, dolanan lare lan ugi niru solah bawanipun roker.
Pentas seni kasebat nampi tanggapan sae saking masyarakat. Pentas seni ingkang dipun lampahaken dening ibu-ibu Dusun Potorono pranyata dipun antu-antu dening warga. Kejawi punika, lampahing adicara ugi dipun regengaken pentas seni anak. Kridha punika mujudaken usulipun kelompok muda mudi Dusun Potorono.

Hari Atmaja


Read More..

Pengetan Kartini Kangge Nggrengsengaken Karyawan

Ngayogyakarta, www.jogjatv.tv - Raden Ajeng Kartini mujudaken satunggaling pahlawan ingkang njunjung drajatipun kaum wanita. Satemah kathah pehak ingkang nanjakaken pengetan Hari Kartini kangge nggrengsengaken semangat kados ingkang dipun gadhahi Kartini. Kadosta ingkang dilampahaken dening Griya Pembelajaran Mekar, ingkang kupiya nggrengsengaken semangat para karyawanipun lumantar pengetan Hari Kartini.

Makaten punika swasananing pengetan Hari Kartini ing Griya Pembelajaran Mekar, dinten Kemis kalawingi(21/4). Lampahing adicara katingal regeng kanthi wontenipun sawetawis kridha panglipur. Sinaosa kanthi ngangge busana adat Jawi, ananging tetela boten nyurutaken krenteg kangge nirokaken Briptu Norman kanthi joged chaiyya-chaiya. Lampahing adicara katujokaken kangge nggrengsengaken para karyawan lan sedaya manajemen supados langkung grengseng anggenipun makarya.
Salebeting pengetan Hari Kartini punika, sedaya karyawan dipun kedahaken ngangge busana adat Jawi. Bab punika mengku teges bilih sinaosa rumiyin Raden Ajeng Kartini ngadhepi kawontenan sarwa winates, ananging krentegipun kangge njunjung drajatipun kaum wanita pranyata ageng sanget.

Afinanto

Read More..

Lare Yatim Mengeti Kartini

Ngayogyakarta, www.jogjatv.tv - Regenging pengetan Hari Kartini mboten namung karaosaken ing tanggal 21 April kala wingi kemawon. Dinten jemuwah enjing, puluhan lare yatim nelakaken gregetipun Kartini kanthi cara ingkang prasaja, mapan ing Titik Nol Kilometer Ngayogyakarta.
Kathah cara kangge mengeti Hari Kartini, satunggaling pahlawan kesetaraan gender. Salah satunggalipun dipun lampahaken dening lare yatim, saking Yayasan Yatim Mandiri. Lare lare nelakaken raos bombongipun kanthi sawetawis kridha. Kadosta maos puisi sesirah Kartini, nyanyi lagu Kartini lan ngedumaken sekar ing Titik Nol Kilometer Ngayogyakarta.
30 lare yatim punika, saking Yayasan Yatim Mandiri Cabang Ngayogyakarta. Sinaosa yatim, nanging minangka generasi penerus bangsa ugi gadhah pepenginan lan kalodhangan ingkang sami, kados gregetipun Kartini ingkang sampun mujudi kesetaraan gender. Ing kalodhangan kasebat, ngiras ndungkap tumapaking taun ajaran enggal, lare lare punika ugi nampi arta sangu, lan bantuwan piranti sekolah saking Yayasan Yatim Mandiri, supados tetep sengkut anggenipun sinau lan sekolah.

Afirtha Diah Apsari-Afinanto


Read More..

Ibu-Ibu Darma Wanita Ngadani Lomba Kartini

Klaten, www.jogjatv.tv - Wulan April katingalipun dados wulan mirunggan menggahing para wanita Indonesia. Awit wulan kasebat dados kalodangan kangge nuladani perjuangan Kartini ingkang sampun ngangkat drajating wanita, sami kaliyan priya. Kados ingkang dipun lampahaken dening Darma Wanita ing Klaten, Jawa Tengah ingkang ngregengaken Hari Kartini kanthi ngadani sawetawis lomba.
Kangge mengeti Hari Kartini, katah cara ingkang dipun lampahaken dening ibu-ibu Darma Wanita ing Klaten. Ibu-ibu ngadani sawetawis lomba, antawisipun lomba paduan suara, lomba fasion show, sarta lomba masang dasi. Pelaksana kegiatan, Ambar Muryati mratelakaken, lumantar lomba kasebat ibu-ibu dipun ajab saget ngemut emut malih labuh labetipun Raden Ajeng Kartini, lan nglajengaken jiwa sarta greget sinaunipun, ingkang saget ambyur ing tengahing masyarakat.
Kawontenan regeng ketingal saklebeting saben lomba ingkang dipun adani. Para ibu-ibu kupiya ngetingalaken kesagedanipun sinaosa semu lingsem. Ing jaman samangke, drajatipun wanita tetela sampun sami kaliyan priya.

Tim Liputan


Read More..

Jalan Salib Mengeti Panandhangipun Yesus

Bantul, www.jogjatv.tv – Salebetipun Misa Jumat Agung mengeti sedanipun Yesus Kristus, Jemaat Gereja Salib Suci Gunung Sempu, Kasihan, Bantul, dinten Jemuwah enjing(22/4), nindakaken Misa Jalan Salib. Salebeting misa punika, dipun gelar lelampahan panandhangipun Yesus, wiwit saking dipun siksa ngantos seda dipun salib.
Salebetipun misa dipun gelar lelampahan panandhangipun Yesus ngantos seda dipun salib. Salebeting sandiwara kasebat, dipun gambaraken puluhan prajurit mbesta Yesus, dipun arak lan dipun siksa, dipun pecuti sarta dipun wewirang. Sinaosa makaten, Yesus mboten bangga, pungkasanipun Yesus seda dipun paku ing kajeng salib.
Heriyanto, ketua panitia mratelakaken, Fragmen Jalan Salib dipun gelar mirunggan kangge nuwuhaken gregetipun para jemaat. Kaajab imanipun para jemaat badhe saya kandel kanthi nuladha lelampahanipun Yesus ingkang lila legawa dados bebanten kangge manungsa.

Anang Zainuddin


Read More..

Ibu Ibu PKK Mengeti Hari Kartini

Bantul, www.jogjatv.tv - Pengetan miyosipun Kartini, minangka pahlawan kesetaraan gender, mboten kedah dipun pahargya kanthi nelasaken wragat kathah. Kangge nuladhani Kartini lan cak cakanipun saklebeting panggesangan, badhe langkung migunani menawi dipun lampahaken kanthi prasaja, nanging mentes. Kados ingkang dipun lampahaken dening ibu- ibu PKK Kelurahan Wukirsari, Imogiri. Pengetan Hari Kartini dipun isi kanthi upacara prasaja lan Deklarasi Anti Narkoba.
Atusan ibu ibu warganing Penggerak PKK Kelurahan Wukirsari, Imogiri, dinten Kemis sonten(21/4), mlempak ing gedung serbaguna kelurahan. Ibu-ibu ngadani upacara pengetan Hari Kartini, ingkang dipun pengeti saben tanggal 21 April. Sinaosa ngantos samangke dereng sedaya wanita saget ngraosaken kesetaraan gender kanthi wetah, nanging sabotenipun perjuangan Kartini sampun migunani menggahing wanita.
Saksampunipun ngadani upacara, ibu-ibu nindakaken Deklarasi Anti Narkoba, minangka kupiya ngawekani sumebaripun narkoba ing bale wisma lan tlatah padhusunan. Ibu kawawas gadhah tanggel jawab ingkang wigati, nalika ngawat awati lan suka seserepan babagan bebaya narkoba dhateng yoganipun.

Anang Zainuddin


Read More..

Bakul Peken Ngadani Upacara Hari Kartini

Sukoharjo, www.jogjatv.tv - Atusan bakul ing peken tradisional Sukoharjo mengeti Hari Kartini, kanthi ngadani upacara bendera mapan ing tengahing peken dinten Kemis siyang(21/4). Para bakul peken ugi nderek ngarak Gendera Merah Putih ageng, gadhahanipun Museum Rekor Sukoharjo, Muresko. Gendera kasebat panjangipun 15 meter lan dipun arak mubeng peken kadosdene lampahing pawai.
Kanthi kridha kasebat para bakul rumaos remen, awit dipun ajak sesarengan mengeti dinten miyosipun satunggaling pahwalan nasional, RA. Kartini.
Ketua Muresko Sukoharjo, Kokor Wijanarko mratelakaken rumaos bombong dhateng lampahing kridha punika. Para bakul ingkang racak sampun yuswa sepuh, nderek lampahing upacara kanthi khidmat, kalebet nalika nyanyi lagu Ibu Kita Kartini.
Lampahing kridha kasebat ugi dipun regengaken dening para warga sakiwa tengening peken, nalika Gendera Merah Putih ageng dipun arak mubeng peken.

Eko Nurharjanto


Read More..

Wednesday, April 20, 2011

Usaha Sewan Busana Adat Laris

Klaten, www.jogjatv.tv - Ndungkap pengetan Hari Kartini, sawetawis usaha sewan busana adat ing Klaten, regeng nampi welingan. Kepara, pengusaha ngakeni sampun boten gadhah pasudiyan busana malih. Satemah kangge ngawekani, pengusaha nawekaken busana adat saking maneka tlatah ing Indonesia.
Saben ngancik wulan April, para pengusaha sewan busana adat tansah nampi berkah saking pengetan Hari Kartini. Salah satunggaling pengusaha sewan busana ing Dhukuh Tegal Blateran, Kecamatan Klaten Tengah, Ibu Listyo ngakeni usahanipun laris sanget, kepara ngantos sampun boten gadhah pasudiyan busana adat Jawi malih. Kangge ngawekani kathahipun pelanggan ingkang nyewa busana, Bu Listyo nawekaken busana adat saking maneka wewengkon ing Indonesia.
Miturut Bu Listyo, pengetan Hari Kartini boten namung dipun pengeti kanthi ngangge busana adat kemawon, ananging para generasi panerus kaajab gadhah jiwa kepahlawanan kados dene Ibu Kartini ingkang sampun njunjung drajatipun kaum wanita. Awit saking punika, pemerintah kaajab ngrembakakaken budaya lumantar pengetan Hari Kartini.

Tim Liputan


Read More..

Korem 074 Warastratama Ngadani Karya Bakti

Klaten, www.jogjatv.tv - 750 warganing TNI ing Korem 074 Warastratama, Rebo enjing(20/4), ngadani karya bakti ing Desa Tambakboyo, Kecamatan Pedan, Kabupaten Klaten. Kridha kasebat minangka wujud manunggalipun TNI lan masyarakat salebeting mbiyantu ngrampungaken maneka perkawis ingkang dipun adhepi masyarakat.
Kepala Staf Korem 074 Warastratama, Letnan Kolonel Infantri Haryadi mratelakaken, kangge nedahaken wujud manunggalipun TNI lan masyarakat, pehakipun tansah kupiya mbiyantu ngrampungaken maneka perkawis ingkang dipun adhepi masyarakat. Lumantar kridha karya bakti punika, kaajab saged mbiyantu masyarakat ing maneka laladan. Salebeting karya bakti, TNI ngadani priksa kesehatan, ngedum sembako sarta mbangun margi kangge nggrengsengaken lampah ekonomi.
Yoso, salah satunggaling warga Tambakboyo ngakeni remen saged tumut pengobatan lelahanan ingkang dipun adani Korem 074 Warastratama. Awit sadangunipun punika, Yoso boten gadhah arta kangge mriksakaken kasarasanipun, jalaran tansah gagal panen.

Tim Liputan

Read More..

Dungkap Hari Kartini Sewan Busana Kelarisan

Sleman, www.jogjatv.tv - Pengetan Hari Kartini dados kalodhangan rejeki menggahing warga ingkang nglampahaken pakaryan sewan busana adat. Miturut warga ingkang gadhah usaha sewan busana adat, regengipun welingan wiwit katingal 3 dinten punika, lan dungkap pucak pengetan Hari Kartini, welinganipun saya kathah.
Salah satunggaling usaha sewan ingkang samangke wiwit regeng nampi welingan, inggih punika Salon Holy, ingkang dumunung ing tlatah Candhi Gebang, Desa Condong Catur, Kecamatan Depok, Kabupaten Sleman. Sampun watawis 3 dinten samangke, Salon Holly kathah nampi welingan.
Miturut Emi, welingan ingkang dipun tampi racakipun busana adat Jawi lan Bali kangge lare-lare. Dungkap pengetan Hari Kartini, welingan saya kathah.

Hari Atmaja

Read More..

Samini, Pahlawan Kulawarga

Purworejo, www.jogjatv.tv - Kangge pados wragat usada semahipun ingkang nandhang sakit, sarta 4 yoganipun ingkang taksih sekolah, satunggaling ibu milih makarya dados tukang becak, pakaryan ingkang padatanipun dipun ayahi dening tiyang jaler.
Samini warga Desa Seren Tengah, RT 3, RW 5, Kecamatan Gebang, Kabupaten Purworejo, Jawa Tengah, saben dinten mbecak kangge nyekapi kabetahaning kulawarga. Pakaryan punika sampun dipun ayahi watawis setahun, awit semahipun nandhang sakit, lan mbetahaken wragat kangge usada, wondene 4 yoganipun ugi mbetahaken wragat sekolah.
Saben dinten, Samini kedah tangi jam 05.00 WIB, ndugekaken penumpang ingkang mbetahaken ladosanipun. Kanthi ngginakaken becak mesin, Samini padatanipun jonggol ing ngajeng Masjid Agung Purworejo, lan wangsul jam 17.00 WIB, sasampunipun pikantuk arta.
Samini maratelakaken, bab punika dipun lampahaken kangge nyekapi kabetan kulawarganipun, mliginipun kangge ngragati yoganipun ingkang taksih sekolah, awit Samini gadhah pepenginan saged nyekolahaken yoganipun ngantos pawiyatan luhur.
Samini dados bukti, bilih wanita ugi saget dados cagaking kulawarga, sinaosa bab kasebat asring dumados awit kepepet sesangganing gesang ingkang awrat.

Pambudi Nugraha


Read More..
Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 

© 2011 Jogjatv template. Powered by Blogger.

Jogja TV by M. Safii