SELAMAT DATANG DI BLOG JOGJA TV, HADIR DENGAN TRADISI KHAS JOGJA DARI JAM 06.00 WIB - 24.00 WIBKAPOLRES CIREBON AKBP HERUKOCO YANG MENJADI KORBAN BOM BUNUH DIRI DI MASJID MILIK MAPOLRES CIREBON KOTA SUDAH MULAI STABIL AKBP HERUKOCO MENJALANI RAWAT INAP DI RS PERTAMINA, KOTA CIREBON, JAWA BARATKORBAN BOM BUNUH DIRI DI MASJID MAPOLRESTA CIREBON 30 ORANG LUKA, 24 DIANTARANYA POLISI POLISI MASIH MENCARI IDENTITAS PELAKU BOM BUNUH DIRI YANG TEWAS DALAM SERANGAN BOM TERSEBUTFORUM UMAT ISLAM (FUI): PELAKU BOM BUNUH DIRI TAK PAHAM ATURAN JIHADFUI MENGUTUK BOM BUNUH DIRI DI MASJID MAPOLRES CIREBONFUI MENDUGA ADA UPAYA UNTUK MENGADU DOMBA UMAT ISLAM DAN POLISIFUI MEMINTA UMAT ISLAM AGAR WASPADA TERHADAP AKSI-AKSI PROVOKATIFSEBUAH KAPAL TUA DITEMUKAN DI AREAL SAWAH MILIK LASMIJAN DI JALUR 16 DESA MARGOMULYO, KECAMATAN MUARASUGIHAN, BANYUASINSEORANG TKI DI YORDANIA BERNAMA NURUL AHMAD LUKMAN DISIKSA MAJIKANNYA HINGGA BUTA SEBELAHPEMERINTAH SUDAH MENGIRIM PASUKAN KHUSUS UNTUK MEMBEBASKAN SANDERAPEMERINTAH AKHIRNYA MEMILIH JALUR NEGOSIASI DAN MEMPERSIAPKAN UANG UNTUK MENEBUS SANDERA YANG DITAWAN PEROMPAK SOMALIAPARTAI PERSATUAN PEMBANGUNAN (PPP) AKAN TETAP BERADA DI DALAM KOALISI HINGGA 2014MENTERI AGAMA SURYA DHARMA ALI MENGUTUK AKSI BOM BUNUH DIRI DI MAPOLRESTA CIREBON, JAWA BARAT (15/4)PRAKIRAAN CUACA DI DIY HARI INI: HUJAN RINGAN, SUHU: 22 – 31 DERAJAT CELCIUS, KELEMBABAN: 59 – 97 PERSENMOTIF DAN IDENTITAS PELAKU BOM BUNUH DIRI DI MAPOLRES CIREBON BELUM DIKETAHUIANTISIPASI AKSI BOM, TENTARA DAN POLISI JAGA BANDARA SOEKARNO-HATTAKOMISI YUDISIAL (KY) MENEMUKAN INDIKASI ADANYA PENGABAIAN BUKTI YANG DILAKUKAN HAKIM PADA PERKARA ANTASARI AZHARNATO MEMINTA MAAF ATAS TERBUNUHNYA SEMBILAN WARGA SIPIL SAAT BEROPERASI DI KAWASAN AFGANISTAN TIMUR LAUT

Thursday, April 7, 2011

Perajin Rerenggan Kuda

Sleman, www.jogjatv.tv - Kurdaning Redi Merapi mangaribawani dhateng sedaya lampahaning usaha, inggih usaha ageng punapa dene usaha alit. Salah satunggalipun inggih punika kerajinan rerenggan kuda. Kurdaning Redi Merapi tetela njalari welingan rerenggan kuda, suda sakelangkung kathah. Kejawi punika, perajin ugi pisambat awit mindhakipun regi bahan baku rerenggan kuda.

Indrawanto, salah satunggaling perajin rerengan kuda saking Dhusun Ngawen, Sidokarto, Godean, Sleman mratelakaken, sasampunipun kurdaning Redi Merapi panyadening rerenggan kuda suda watawis 70%. Sakawit saben sewulan, panyadenipun nggayuh Rp. 2.000.000,- ngantos Rp. 3.000.000,- nanging samangke namung pajeng watawis Rp. 600.000,- ngantos Rp. 800.000,-. Kangge ngawekani kawontenan kasebat, Indrawanto damel rerenggan gangsa, ingkang reginipun murwat. Maneka rerenggan kuda damelanipun indrawanto antawisipun pelican, cupon, timang, klinthing cundhuk, kalung, sundak, sangga wedi, sok, mangkok sarta ham utawi kalung gulon. Wondene regi rerenggan kuda punika wiwit saking Rp. 3.000,- saben ijinipun, ngantos Rp. 90.000,- saben setunggal set. Regi setunggal set rerenggan kuda nggayuh Rp. 2.500.000,-. Kejawi punika, regi rerenggan sanesipun, kadosta gantungan gong, cagak gender, ceplok kendhang lan wadah tisu watawis Rp. 100.000,- ngantos Rp. 400.000,- saben ijinipun.

Indrawanto ugi mratelakaken, anggenipun nglampahaken usaha kerajinan warisan saking tiyang sepuhipun punika, samangke manggihi pepalang, inggih punika mindhakipun regi bahan baku kadosta rongsokan wesi, jenean lan malam. Kejawi punika, regining pasir lan lempung kange nyithak, ugi mindhak. Indrawanto ngajab dhateng pamarentah, supados suka bantuwan pawitan kredit kangge ngrembakaken usahanipun.



Nadi Mulyadi

Read More..

Kapustakan Desa Kangge Nggrengsengaken Budaya Maos

Ngayogyakarta, www.jogjatv.tv - Kapustakan nggadhahi ayahan wigatos kangge nambah seserepanipun masyarakat. Lan kangge nggrengsengaken masyarakat supados remen maos, Pemerintah Propinsi DIY, paring bantuwan buku lan sarana kapustakan, dhateng 156  desa ing DIY.
Kepala Badan Perpustakaan dan Arsip Daerah Propinsi DIY, Hendarto Budiyono ngandharaken, taun samangke, Pemerintah Propinsi DIY badhe suka bantuan buku dhateng 156 desa ing Propinsi DIY. Saben desa badhe nampi 1.000 eksemplar buku, ingkang katujokaken kangge njurung masyarakat supados remen maos. Kejawi paring bantuan buku, Pemerintah Propinsi DIY ugi badhe suka bantuan dana stimulan APBD Rp. 1.000.000,- kangge lampahing kapustakan desa.
Hendarto ugi ngandharaken, buku-buku ingkang badhe dipun paringaken dhateng kapustakan dipun larasaken kaliyan karemenanipun masyarakat desa kasebat. Kanthi makaten, buku-buku ingkang cumawis ing saben kapustakan desa temtu kemawon boten sami. Kadosta buku pertanian dipun cawisaken kangge masyarakat petani, lan buku-buku kelautan lan perikanan dipun cawisaken kangge masyarakat misayamina. Kupiya punika katindakaken supados warganing masyarakat ing karang padhusunan saged langkung jembar wawasanipun, satemah panggesanganipun saged langkung raharja.

Afirta-Abdul Maarif

Read More..
Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 

© 2011 Jogjatv template. Powered by Blogger.

Jogja TV by M. Safii