Klaten, www.jogjatv.tv - Desa Kepabron, Kecamatan Polanharajo, Kabupaten Klaten, Jawa Tengah kawentar minangka punjering industri kerajinan hastakarya saking singat maesa. Sasampunipun bom Bali sawetawis tahun kapengker, cacahing perajin wiwit suda, awit sepenipun welingan.         
Kiryono, salah satunggaling  perajin ingkang ngantos samangke taksih nglampahaken usahanipun   mratelakaken, saderengipun dumados bom Bali,  racakipun warga njagakaken gesangipun saking  kerajinan singat maesa, ingkang dipun  ocal dados maneka rerenggan. Sasampunipun bom Bali, welingan  suda kathah, satemah kathah perajin  ingkang bangkrut. Supados saged nglampahaken usahanipun,  Kiryono nyobi ndamel cempurit, utawi gagang ringgit wacucal. Awit tumemenipun, kerajinan cempurit ngantos samangke tansah ngrembaka.
Kiryono mratelakaken, usahanipun samangke kapepalang bahan baku singat maesa. Awit ing Pulo  Jawa, singat maesa sampun angel dipun panggihaken. Supados saged nglampahaken usahanipun, Kiryono kepeksa ndhatengaken singat maesa saking sanjawining Pulo Jawa, kadosta saking Sulawesi, Kalimantan,  sarta Sumbawa. Regining singat maesa ugi mindhak. Menawi sakawit Rp. 60.000,- samangke mindhak dados Rp. 100.000,- saben kilonipun. Supados saged nglampahaken usahanipun, Kiryono ngindhakaken regi cempurit. Cempurit ingkang ageng piyambak, dipun sade kanthi regi Rp. 1.000.000,- , lan ingkang alit piyambak dipun sade kanthi regi Rp. 50.000,-. 
Tim Liputan 
 
 
 

 
