Klaten, www.jogjatv.tv - Kathah cara ingkang saged dipun lampahaken  tiyang kangge nyekapi kabetahan gesangipun. Sauger gadhah krenteg ingkang makantar, sarta linandhesan raos sabar, pramila usaha menapa kemawon badhe saged ndhatengaken asil.  Kadosta ingkang dipun lampahaken dening Harjono,  warga desa Koripan, Kecamatan Polanharajo, Kabupaten Klaten, ingkang ngocal rongsokan waja stainlestil dados  peso dhapur.
Rongsokan waja stainlestil saking pabrik,  padatan namung  dipun bucal lan dereng dipun dayakaken. Kalodhangan punika dipun tanjakaken dening  Harjono, kangge miwiti usaha ndamel peso dapur saking bahan rongsokan waja lan stainlestil pabrik. Awit raos  sabar lan tumemenipun, peso dapur damelanipun Harjono sampun dipun sade dhateng sawetawis  kitha ing Pulo Jawa lan Bali, kepara ngantos  Kalimantan. Kanthi dipun biyantu dening  3  tenaga pedamelipun, Harjono saged ndamel  peso dapur cacah 400 saben dintenipun.  
Maneka jinis peso dapur damelipun, ukuranipun tetela benten-benten. Kangge peso dapur ingkang alit piyambak dipun sade kanthi regi Rp. 2.000,- wondene kangge peso dapur ingkang ageng piyambak dipun sade Rp. 50.000,-. Peso saking bahan stainlestil punika pranyata awet, lan boten gampil nayeng. Kangge ngrembakaken usahanipun, Harjono wiwit ndamel  piranti tetanen sanesipun, kanthi ngginakaken  rongsokan wesi lan waja.
Tim Liputan
 
 
 

 
