SELAMAT DATANG DI BLOG JOGJA TV, HADIR DENGAN TRADISI KHAS JOGJA DARI JAM 06.00 WIB - 24.00 WIBKAPOLRES CIREBON AKBP HERUKOCO YANG MENJADI KORBAN BOM BUNUH DIRI DI MASJID MILIK MAPOLRES CIREBON KOTA SUDAH MULAI STABIL AKBP HERUKOCO MENJALANI RAWAT INAP DI RS PERTAMINA, KOTA CIREBON, JAWA BARATKORBAN BOM BUNUH DIRI DI MASJID MAPOLRESTA CIREBON 30 ORANG LUKA, 24 DIANTARANYA POLISI POLISI MASIH MENCARI IDENTITAS PELAKU BOM BUNUH DIRI YANG TEWAS DALAM SERANGAN BOM TERSEBUTFORUM UMAT ISLAM (FUI): PELAKU BOM BUNUH DIRI TAK PAHAM ATURAN JIHADFUI MENGUTUK BOM BUNUH DIRI DI MASJID MAPOLRES CIREBONFUI MENDUGA ADA UPAYA UNTUK MENGADU DOMBA UMAT ISLAM DAN POLISIFUI MEMINTA UMAT ISLAM AGAR WASPADA TERHADAP AKSI-AKSI PROVOKATIFSEBUAH KAPAL TUA DITEMUKAN DI AREAL SAWAH MILIK LASMIJAN DI JALUR 16 DESA MARGOMULYO, KECAMATAN MUARASUGIHAN, BANYUASINSEORANG TKI DI YORDANIA BERNAMA NURUL AHMAD LUKMAN DISIKSA MAJIKANNYA HINGGA BUTA SEBELAHPEMERINTAH SUDAH MENGIRIM PASUKAN KHUSUS UNTUK MEMBEBASKAN SANDERAPEMERINTAH AKHIRNYA MEMILIH JALUR NEGOSIASI DAN MEMPERSIAPKAN UANG UNTUK MENEBUS SANDERA YANG DITAWAN PEROMPAK SOMALIAPARTAI PERSATUAN PEMBANGUNAN (PPP) AKAN TETAP BERADA DI DALAM KOALISI HINGGA 2014MENTERI AGAMA SURYA DHARMA ALI MENGUTUK AKSI BOM BUNUH DIRI DI MAPOLRESTA CIREBON, JAWA BARAT (15/4)PRAKIRAAN CUACA DI DIY HARI INI: HUJAN RINGAN, SUHU: 22 – 31 DERAJAT CELCIUS, KELEMBABAN: 59 – 97 PERSENMOTIF DAN IDENTITAS PELAKU BOM BUNUH DIRI DI MAPOLRES CIREBON BELUM DIKETAHUIANTISIPASI AKSI BOM, TENTARA DAN POLISI JAGA BANDARA SOEKARNO-HATTAKOMISI YUDISIAL (KY) MENEMUKAN INDIKASI ADANYA PENGABAIAN BUKTI YANG DILAKUKAN HAKIM PADA PERKARA ANTASARI AZHARNATO MEMINTA MAAF ATAS TERBUNUHNYA SEMBILAN WARGA SIPIL SAAT BEROPERASI DI KAWASAN AFGANISTAN TIMUR LAUT

Wednesday, April 6, 2011

Manggihaken Bulus Tanpa Sangkan


Gunungkidul, www.jogjatv.tv - Warga Sokokerep, Semanu, Gunungkidul horeg, jalaran ing salah satunggal pekawisan griyanipun warga dipun panggihaken satunggaling bulus ingkang tanpa sangkan. Saderengipun bulus kasebat dipun panggihaken, warga ing celak pekawisan mireng suwanten sora kados dene wonten barang ingkang dhawah.
Punika wujuding bulus ingkang damel horegipun warga.  Bulus utawi labi-labi punika dipun panggihaken dening satunggaling warga, Dedi Pambudianto, Warga Sokokerep,  Semanu, Gunungkidul. Dedi ingkang manggihaken bulus kasebat mratelakaken, bulus punika dipun panggihaken seminggu kapengker watawis jam 21.00 WIB.
Saderengipun manggihaken bulus, suwasana nalika samanten saweg jawah. Dumadakan wonten suwanten bledheg ingkang sakalangkung sora, lan sawetawis wekdal candhakipun kapireng suwanten kadosdene barang dhawah ing pekawisan. Awit kepengin mangertos, Dedi nglacak dhateng asaling suwanten wau, lan tetela ing pekawisan, Dedi manggihaken satunggaling bulus ingkang dhawah mlumah, tanpa dipun mangertosi sangkanipun. Bab punika nuwuhaken raos gumun, awit dereng nate wonten kaelokan kados makaten ing dhusunipun. Dening kulawarganipun Dedi, bulus lajeng dipun upakawis. Miturut warga, wonten ingkang aneh ing badaning bulus wau, bathokipun katingal cemeng semu emas, lan namung purun nedhi degan kemawon.
Samangke kathah warga ingkang kepengin ningali bulus kasebat. Kepara sampun 3 dinten samangke, kathah warga saking sanjawining rangkah ingkang dhateng saperlu mbuktekaken pawartos ingkang sumebar.
Kulawarganipun Dedi boten badhe nyade bulus punika, lan badhe dipun upakawis piyambak. Bab kasebat jalaran kathah pehak ingkang sampun ngawis sato punika ngantos puluhan yuta rupiyah.

Chandra Saputro

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 

© 2011 Jogjatv template. Powered by Blogger.

Jogja TV by M. Safii