Sukoharjo, www.jogjatv.tv – 12 kecamatan ing Sukoharjo, kaping 3 nemahi gagal panen, satemah pengusaha rabuk nandhang kapitunan, jalaran jatah rabuk saking pemerintah kangge petani mboten saged dipun tampi. Tundhanipun rabuk namung dipun simpen ing gudang. Kepara  pengusaha rabuk ing Mojolaban taksih nanggel 100 ton rabuk saking Petrokimia, ingkang dereng saged dipun tampi petani, satemah dereng saged dipun bayar.
Gagal panen jalaran paneraking ama  wereng, tetela ugi nuwuhaken kapitunan menggahipun para pengusaha rabuk,  awit dereng saged mbayar rabuk dhateng pabrik rabuk ingkang tembayatan. Bab kasebat awit petani mboten tumbas rabuk subsidi, ingkang sampun dipun jatah pamarentah kasebat.  Wondene tata cara tumbas rabuk  subsidi, inggih saben petani lumantar kelompok tani pikantuk subsidi rabuk saking pamarentah lan kedah tumbas ing toko ingkang kadhapuk. Wondene  toko kasebat, dipun kintuni rabuk saking produsen pupuk, nanging kasunyatanipun rabuk kasebat dereng dipun pendhet  petani jalaran gagal panen. Tundhanipun rabuk dipun simpen ing gudang lan dereng dipun bayar.
Panyadening rabuk sanes ugi suda 50%, awit  petani mboten purun tumbas, lan rumaos nglokro jalaran asring  gagal panen. Kanthi kawontenan punika, mboten namung petani ingkang nemahi kapitunan, nanging distributor ugi nandhang kapitunan, jalaran petani mboten tumbas jatah rabuk. 
Eko Nurharjanto
 
 
 
 
     
