Klaten, www.jogjatv.tv - Petani tomat ing Desa Manjung, Kecamatan Ngawen, Kabupaten Klathen, pisambat awit regi  tomat samangke anjlog. Regi tomat saking  petani ingkang sakawit Rp. 1.500,- saben kilo, samangke mandhap dados Rp. 700,- saben kilonipun. Tundhanipun petani nandhang kapitunan.
Mardono, satunggaling petani tomat ing Desa Manjung, Kecamatan Ngawen, Klaten, namung saget pasrah, ngadhepi anjlogipun regi tomat wekdal samangke. Mardono boten kuwawa ngawekani anjlogipun regi tomat punika, lan piyambakipun ndugi wonten tumindak culika ing tataran tengkulak. Anjlogipun regi tomat ugi dipun pangaribawani awit samangke wewengkon sanes ugi nembe sami panen tomat.   Nanging menawi petani boten tumuli manen tomatipun,  pramila badhe saya kathah nandhang kapitunan.  Satemah petani kepeksa nyade tomatipun kanthi regi ingkang mirah.
Mardono ngakeni tuna, menawi regi  tomat namung Rp. 700,- awit wragat nanem ngantos  panen,  nelasaken Rp. 3.500.000,- wondene samangke ngantos kaping 2 panen saweg nampi pamedal Rp. 2.000.000,- lan asil panenipun kirang maremaken, jalaran asring jawah, satemah  kathah tomat ingkang katedha uler.
Tim Liputan
 
 
 

 
