Ngayogyakarta, www.jogjatv.tv - Kanthi ancas kangge  ngindhakaken profesionalisme pustakawan, sarta kangge nambah seserepaning para  pustakawan salebetipun ndamel  literatur sekunder, Badan Perpustakaan dan Arsip Daerah, BPAD DIY, dinten  Kemis siyang(14/4), ngadani Bintek Penyusunan Literatur Sekunder. Krida ingkang dipun sengkuyung dening 30 pasarta, lan mapan ing  aula BPAD DIY kasebat, dipun kepyakaken dening Kepala Bidang Pengembangan Perpustakaan DIY,  Heru Purwanto.  
Miturut Heru Purwanto, bintek ingkang dipun adani sadangunipun 5 dinten lan dipun sengkuyung dening 30 pustakawan lan pengelola perpustakaan, saking 4 kabupaten lan kota, kajawi mbabar materi saking sawetawis nara sumber, ugi dipun adani praktek ing kapustakan DIY. Lumantar krida kasebat dipun ajab, para pustakawan saged ngasilaken produk-produk informasi, lan saged nyawisaken informasi ingkang leres. Heru ngajab, menggahing pustakawan lan pengelola perpustakaan, ingkang nampi materi lan tumut pelatihan, saged langkung kritis, mandhiri sarta saged ngrampungi perkawis ingkang dipun adhepi.
                       
Nadi Mulyadi