Kulonprogo, www.jogjatv.tv - Kangge ngawekani mangsa ketiga, Kelompok Tani Maju Kamal, ing Dhusun Kamal, Desa Pendoworejo, Kecamatan Girimulyo, Kulonprogo, dinten Kemis enjing(14/4), ndamel sawetawis sumur resapan ing  pasabinan. Sumur kasebat, kaajab saget dipun dayakaken kangge ngelebi  atusan hektar sabin.
Kangge ngawekani mangsa ketiga, Badan Penanggulangan Bencana Daerah, BPBD suka bantuwan dhateng Kelompok Tani Maju Kamal kangge ndamel sumur resapan. 141 petani dipun kerigaken kangge damel sumur kasebat. Saben petani nampi epah Rp. 35.000,-. Sumur-sumur kasebat ing mangkenipun kaajab saged ngelebi atusan hektar sabin ing Desa Pendoworejo.
Kanthi ngginakaken piranti prasaja, puluhan kadang tani damel sumur resapan ing sabin. Satunggaling kadang tani, Kukuh Santosa mratelakaken cumawisipun sumur resapan kaajab saged kangge ngelebi atusan hektar sabin ing wewengkonipun.
Muhammad Sugeng