SELAMAT DATANG DI BLOG JOGJA TV, HADIR DENGAN TRADISI KHAS JOGJA DARI JAM 06.00 WIB - 24.00 WIBKAPOLRES CIREBON AKBP HERUKOCO YANG MENJADI KORBAN BOM BUNUH DIRI DI MASJID MILIK MAPOLRES CIREBON KOTA SUDAH MULAI STABIL AKBP HERUKOCO MENJALANI RAWAT INAP DI RS PERTAMINA, KOTA CIREBON, JAWA BARATKORBAN BOM BUNUH DIRI DI MASJID MAPOLRESTA CIREBON 30 ORANG LUKA, 24 DIANTARANYA POLISI POLISI MASIH MENCARI IDENTITAS PELAKU BOM BUNUH DIRI YANG TEWAS DALAM SERANGAN BOM TERSEBUTFORUM UMAT ISLAM (FUI): PELAKU BOM BUNUH DIRI TAK PAHAM ATURAN JIHADFUI MENGUTUK BOM BUNUH DIRI DI MASJID MAPOLRES CIREBONFUI MENDUGA ADA UPAYA UNTUK MENGADU DOMBA UMAT ISLAM DAN POLISIFUI MEMINTA UMAT ISLAM AGAR WASPADA TERHADAP AKSI-AKSI PROVOKATIFSEBUAH KAPAL TUA DITEMUKAN DI AREAL SAWAH MILIK LASMIJAN DI JALUR 16 DESA MARGOMULYO, KECAMATAN MUARASUGIHAN, BANYUASINSEORANG TKI DI YORDANIA BERNAMA NURUL AHMAD LUKMAN DISIKSA MAJIKANNYA HINGGA BUTA SEBELAHPEMERINTAH SUDAH MENGIRIM PASUKAN KHUSUS UNTUK MEMBEBASKAN SANDERAPEMERINTAH AKHIRNYA MEMILIH JALUR NEGOSIASI DAN MEMPERSIAPKAN UANG UNTUK MENEBUS SANDERA YANG DITAWAN PEROMPAK SOMALIAPARTAI PERSATUAN PEMBANGUNAN (PPP) AKAN TETAP BERADA DI DALAM KOALISI HINGGA 2014MENTERI AGAMA SURYA DHARMA ALI MENGUTUK AKSI BOM BUNUH DIRI DI MAPOLRESTA CIREBON, JAWA BARAT (15/4)PRAKIRAAN CUACA DI DIY HARI INI: HUJAN RINGAN, SUHU: 22 – 31 DERAJAT CELCIUS, KELEMBABAN: 59 – 97 PERSENMOTIF DAN IDENTITAS PELAKU BOM BUNUH DIRI DI MAPOLRES CIREBON BELUM DIKETAHUIANTISIPASI AKSI BOM, TENTARA DAN POLISI JAGA BANDARA SOEKARNO-HATTAKOMISI YUDISIAL (KY) MENEMUKAN INDIKASI ADANYA PENGABAIAN BUKTI YANG DILAKUKAN HAKIM PADA PERKARA ANTASARI AZHARNATO MEMINTA MAAF ATAS TERBUNUHNYA SEMBILAN WARGA SIPIL SAAT BEROPERASI DI KAWASAN AFGANISTAN TIMUR LAUT

Friday, April 15, 2011

Difabel Ing Tengahing Masyarakat

Ngayogyakarta, www.jogjatv.tv - Penganggep bilih Anak Berkebutuhan Khusus, ABK utawi difabel namung dados sesangganing tiyang sepuh, pranyata klentu. Samangke sampun kathah program pemberdayaan kangge ABK, inggih ing sektor formal punapa dene informal. Lampah pembinaan lan pemberdayaan formal menggahing siswa berkebutuhan khusus, salah satunggalipun dipun lampahaken dening SLB Negeri Pembina Yogyakarta, lumantar bengkel-bengkel kerja ingkang ngasilaken maneka jinis kerajinan, ingkang ageng pangaosipun.
Sinten ingkang nyana bilih kerajinan ingkang mranani punika, wohing pakaryanipun para Siswa SLB Negeri Pembina Yogyakarta. Lumantar bimbingan lan program pembinaan ingkang gumathok, lare lare difabel kasil dipun dayakaken minangka perajin ingkang mumpuni, trep kaliyan krenteg lan kesagetanipun piyambak piyambak. Kadosta ndamel kerajinan kajeng, keramik, tekstil bathik, paes, tata busana lan kuliner. Ing SLB Negeri Pembina Yogyakarta, ingkang siswanipun mligi ABK Tuna Grahita lan Autis, para siswa wiwit saking TK ngantos SMA, dipun dayakaken kalantipanipun, dhateng kridha ingkang nengenaken kejuruan utawi ketrampilan. Wiwit SMP siswa dipun bimbing dening para guru, kangge nemtokaken jurusan miturut kaprigelanipun piyambak-piyambak. Kejawi punika, siswa ugi nampi materi praktikum keterampilan 40% persen, lan teori 60%. Ing tataran SMA, pratekipun saya kathah, inggih 70%, teorinipun namung 30%. Ing tataran SMA wekdalipun dipun dayakaken ing bengkel-bengkel kerja, kadosta bengkel busana, bengkel kajeng lan bengkel keramik, sarta otomotif. Wondene tumrap siswa ingkang gadhah bakat mirunggan, dipun arahaken dhateng ketrampilan bidang Informasi Teknologi utawi IT.
Siswa ABK badhe tansah nengenaken asil pakaryanipun, sadangunipun pakaryan ingkang dipun lampahaken laras kaliyan karemenanipun. Awit saking punika pakaryan ingkang dipun asilaken langkung sae mutunipun. Maneka pakaryan ingkang dipun asilaken dening para diifabel pranyata boten kawon sae menawi katandhingaken kaliyan produk-produk komersil. Ningali kasunyatan punika prayogi badhe kawawas wicaksana menawi boten ngremehaken para difabel. Awit difabel pranyata ugi gadhah hak ingkang sami kadosdene warga sanesipun.

Edna-Fina


Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 

© 2011 Jogjatv template. Powered by Blogger.

Jogja TV by M. Safii