SELAMAT DATANG DI BLOG JOGJA TV, HADIR DENGAN TRADISI KHAS JOGJA DARI JAM 06.00 WIB - 24.00 WIBKAPOLRES CIREBON AKBP HERUKOCO YANG MENJADI KORBAN BOM BUNUH DIRI DI MASJID MILIK MAPOLRES CIREBON KOTA SUDAH MULAI STABIL AKBP HERUKOCO MENJALANI RAWAT INAP DI RS PERTAMINA, KOTA CIREBON, JAWA BARATKORBAN BOM BUNUH DIRI DI MASJID MAPOLRESTA CIREBON 30 ORANG LUKA, 24 DIANTARANYA POLISI POLISI MASIH MENCARI IDENTITAS PELAKU BOM BUNUH DIRI YANG TEWAS DALAM SERANGAN BOM TERSEBUTFORUM UMAT ISLAM (FUI): PELAKU BOM BUNUH DIRI TAK PAHAM ATURAN JIHADFUI MENGUTUK BOM BUNUH DIRI DI MASJID MAPOLRES CIREBONFUI MENDUGA ADA UPAYA UNTUK MENGADU DOMBA UMAT ISLAM DAN POLISIFUI MEMINTA UMAT ISLAM AGAR WASPADA TERHADAP AKSI-AKSI PROVOKATIFSEBUAH KAPAL TUA DITEMUKAN DI AREAL SAWAH MILIK LASMIJAN DI JALUR 16 DESA MARGOMULYO, KECAMATAN MUARASUGIHAN, BANYUASINSEORANG TKI DI YORDANIA BERNAMA NURUL AHMAD LUKMAN DISIKSA MAJIKANNYA HINGGA BUTA SEBELAHPEMERINTAH SUDAH MENGIRIM PASUKAN KHUSUS UNTUK MEMBEBASKAN SANDERAPEMERINTAH AKHIRNYA MEMILIH JALUR NEGOSIASI DAN MEMPERSIAPKAN UANG UNTUK MENEBUS SANDERA YANG DITAWAN PEROMPAK SOMALIAPARTAI PERSATUAN PEMBANGUNAN (PPP) AKAN TETAP BERADA DI DALAM KOALISI HINGGA 2014MENTERI AGAMA SURYA DHARMA ALI MENGUTUK AKSI BOM BUNUH DIRI DI MAPOLRESTA CIREBON, JAWA BARAT (15/4)PRAKIRAAN CUACA DI DIY HARI INI: HUJAN RINGAN, SUHU: 22 – 31 DERAJAT CELCIUS, KELEMBABAN: 59 – 97 PERSENMOTIF DAN IDENTITAS PELAKU BOM BUNUH DIRI DI MAPOLRES CIREBON BELUM DIKETAHUIANTISIPASI AKSI BOM, TENTARA DAN POLISI JAGA BANDARA SOEKARNO-HATTAKOMISI YUDISIAL (KY) MENEMUKAN INDIKASI ADANYA PENGABAIAN BUKTI YANG DILAKUKAN HAKIM PADA PERKARA ANTASARI AZHARNATO MEMINTA MAAF ATAS TERBUNUHNYA SEMBILAN WARGA SIPIL SAAT BEROPERASI DI KAWASAN AFGANISTAN TIMUR LAUT

Friday, April 8, 2011

Lampah Ageng Subawa Rasa

Ngayogyakarta, www.jogjatv.tv - Atusan warga Ngayogyakarta saking maneka kalangan, malem Jemuwah(7/4), tumut lampah ageng ingkang dipun adani dening Forum Parapsykologi Semesta DIY. Sinaosa kawontenan jawah grimis, ananging lampahing mubeng beteng ingkang dipun sengkuyung warga Ngayogyakarta kasebat tetep lumampah regeng. Saderengipun, para budayawan lan seniman punika ugi ngadani Upacara Subawa Rasa Kaki Gunung Nini Jaladri ing sangajengipun Pagelaran Kraton Ngayogyakarta.
Upacara lampah ageng mubeng beteng kanthi irah-irahan “Subawa Rasa Kaki Gunung Nini Jaladri” mujudaken kridha kangge njunjung Keistimewaan, inggih boten namung magepokan kaliyan Keistimewaan DIY kemawon. Adicara ingkang dipun adani dening Forum Parapsykologi Semesta DIY punika ugi katujokaken kangge nglarasaken sedaya perangan ing bhumi ingkang dumados saking toya, geni, angin lan siti. Kanthi manah wening lan linandhesan raos tresna ngripta katentremaning bangsa, para budayawan, rohaniawan sarta warga Ngayogyakarta tumut ngregengaken kridha kasebat ing sangajengipun Pagelaran Kraton Ngayogyakarta. Lampahing upacara kawiwitan kanthi mendhet pasir ing wewengkon Turgo perenging Redi Merapi sarta toya seganten saking Pesisir Parangkusumo. Pasir lan toya punika mralambangaken calon panganten kakung lan putri, ingkang salajengipun dipun gambaraken lumantar patung Loroblonyo.
Sasampunipun mendhet pasir Merapi lan toya seganten, kekalihipun lajeng dipun wadhahi kendhil, ingkang mralambangaken sesambetan laras. Kangge njangkepi upacara punika, kekalih pambeksa ingkang kadhapuk minangka Kaki Gunung lan Nini Jaladri nggambaraken watakipun manungsa ingkang kebak hawa nepsu. Lan cariyos punika nggambaraken bilih manungsa kedah saged ngendhaleni hawa nepsu. Kanthi makaten, manungsa saged nglampahi gesang kanthi laras.
Ing pungkasaning upacara kasebat, kekalih perangan ingkang sampun dipun sawijekaken dados setunggal, lajeng dipun kirab mubeng beteng Kraton Ngayogyakarta.

Ernyta-Andri Yulianto

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 

© 2011 Jogjatv template. Powered by Blogger.

Jogja TV by M. Safii