SELAMAT DATANG DI BLOG JOGJA TV, HADIR DENGAN TRADISI KHAS JOGJA DARI JAM 06.00 WIB - 24.00 WIBKAPOLRES CIREBON AKBP HERUKOCO YANG MENJADI KORBAN BOM BUNUH DIRI DI MASJID MILIK MAPOLRES CIREBON KOTA SUDAH MULAI STABIL AKBP HERUKOCO MENJALANI RAWAT INAP DI RS PERTAMINA, KOTA CIREBON, JAWA BARATKORBAN BOM BUNUH DIRI DI MASJID MAPOLRESTA CIREBON 30 ORANG LUKA, 24 DIANTARANYA POLISI POLISI MASIH MENCARI IDENTITAS PELAKU BOM BUNUH DIRI YANG TEWAS DALAM SERANGAN BOM TERSEBUTFORUM UMAT ISLAM (FUI): PELAKU BOM BUNUH DIRI TAK PAHAM ATURAN JIHADFUI MENGUTUK BOM BUNUH DIRI DI MASJID MAPOLRES CIREBONFUI MENDUGA ADA UPAYA UNTUK MENGADU DOMBA UMAT ISLAM DAN POLISIFUI MEMINTA UMAT ISLAM AGAR WASPADA TERHADAP AKSI-AKSI PROVOKATIFSEBUAH KAPAL TUA DITEMUKAN DI AREAL SAWAH MILIK LASMIJAN DI JALUR 16 DESA MARGOMULYO, KECAMATAN MUARASUGIHAN, BANYUASINSEORANG TKI DI YORDANIA BERNAMA NURUL AHMAD LUKMAN DISIKSA MAJIKANNYA HINGGA BUTA SEBELAHPEMERINTAH SUDAH MENGIRIM PASUKAN KHUSUS UNTUK MEMBEBASKAN SANDERAPEMERINTAH AKHIRNYA MEMILIH JALUR NEGOSIASI DAN MEMPERSIAPKAN UANG UNTUK MENEBUS SANDERA YANG DITAWAN PEROMPAK SOMALIAPARTAI PERSATUAN PEMBANGUNAN (PPP) AKAN TETAP BERADA DI DALAM KOALISI HINGGA 2014MENTERI AGAMA SURYA DHARMA ALI MENGUTUK AKSI BOM BUNUH DIRI DI MAPOLRESTA CIREBON, JAWA BARAT (15/4)PRAKIRAAN CUACA DI DIY HARI INI: HUJAN RINGAN, SUHU: 22 – 31 DERAJAT CELCIUS, KELEMBABAN: 59 – 97 PERSENMOTIF DAN IDENTITAS PELAKU BOM BUNUH DIRI DI MAPOLRES CIREBON BELUM DIKETAHUIANTISIPASI AKSI BOM, TENTARA DAN POLISI JAGA BANDARA SOEKARNO-HATTAKOMISI YUDISIAL (KY) MENEMUKAN INDIKASI ADANYA PENGABAIAN BUKTI YANG DILAKUKAN HAKIM PADA PERKARA ANTASARI AZHARNATO MEMINTA MAAF ATAS TERBUNUHNYA SEMBILAN WARGA SIPIL SAAT BEROPERASI DI KAWASAN AFGANISTAN TIMUR LAUT

Friday, April 8, 2011

Regi Sayuran Mindhak

Sleman, www.jogjatv.tv - Pedhotipun Kreteg Pabelan ing Kabupaten Magelang, Jawa Tengah, pranyata mangaribawani dhateng regining sayuran ing sawetawis peken tradisional ing Sleman. Bab punika awit sayuran ingkang dipun sade dening para bakul ing Sleman, racakipun dipun dhatengaken saking Magelang, Jawa Tengah. Satemah pedhotipun Kreteg Pabelan mangaribawani dhateng mindhakipun wragad transportasi. Tundhanipun regi sayuran lajeng mindhak.
Sanak kadang bakul sayuran ing Peken Tempel, Sleman mratelakaken, maneka jinis sayuran ingkang dipun sade racakipun dipun dhatengaken saking wewengkon Jawa Tengah. Awit saking punika, pedhotipun Kreteg Pabelan ing Magelang, sawetawis wekdal kapengker tetela nganggu lampahing transportasi angkutan barang ingkang tumuju dhateng wewengkon sanjawining Magelang. Tundahanipun pangintuning maneka barang, kalebet sayuran, saking Magelang tumuju Sleman, mbetahaken wekdal sakelangkung dangu. Kanthi makaten, regining maneka jinis sayuran mindhak langkung awis.
Sinaosa regining sayuran mindhak, ananging regi panyadening lombok samangke mandhap. Kadosta, lombok kriting abrit ingkang sakawit reginipun Rp. 25.000,- saben kilo, samangke mandhap dados Rp. 15.000,- saben kilo. Kejawi punika, lombok rawit abrit ingkang sakawit reginipun Rp. 70.000,- saben kilo, samangke mandhap dados Rp. 50.000,- saben kilonipun. Mandhapipun regi lombok jalaran samangke pasudiyan dagangan cumawis kathah, sarta namung dipun dhatengaken saking wewengkon Sleman kemawon.

Subardi

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 

© 2011 Jogjatv template. Powered by Blogger.

Jogja TV by M. Safii