SELAMAT DATANG DI BLOG JOGJA TV, HADIR DENGAN TRADISI KHAS JOGJA DARI JAM 06.00 WIB - 24.00 WIBKAPOLRES CIREBON AKBP HERUKOCO YANG MENJADI KORBAN BOM BUNUH DIRI DI MASJID MILIK MAPOLRES CIREBON KOTA SUDAH MULAI STABIL AKBP HERUKOCO MENJALANI RAWAT INAP DI RS PERTAMINA, KOTA CIREBON, JAWA BARATKORBAN BOM BUNUH DIRI DI MASJID MAPOLRESTA CIREBON 30 ORANG LUKA, 24 DIANTARANYA POLISI POLISI MASIH MENCARI IDENTITAS PELAKU BOM BUNUH DIRI YANG TEWAS DALAM SERANGAN BOM TERSEBUTFORUM UMAT ISLAM (FUI): PELAKU BOM BUNUH DIRI TAK PAHAM ATURAN JIHADFUI MENGUTUK BOM BUNUH DIRI DI MASJID MAPOLRES CIREBONFUI MENDUGA ADA UPAYA UNTUK MENGADU DOMBA UMAT ISLAM DAN POLISIFUI MEMINTA UMAT ISLAM AGAR WASPADA TERHADAP AKSI-AKSI PROVOKATIFSEBUAH KAPAL TUA DITEMUKAN DI AREAL SAWAH MILIK LASMIJAN DI JALUR 16 DESA MARGOMULYO, KECAMATAN MUARASUGIHAN, BANYUASINSEORANG TKI DI YORDANIA BERNAMA NURUL AHMAD LUKMAN DISIKSA MAJIKANNYA HINGGA BUTA SEBELAHPEMERINTAH SUDAH MENGIRIM PASUKAN KHUSUS UNTUK MEMBEBASKAN SANDERAPEMERINTAH AKHIRNYA MEMILIH JALUR NEGOSIASI DAN MEMPERSIAPKAN UANG UNTUK MENEBUS SANDERA YANG DITAWAN PEROMPAK SOMALIAPARTAI PERSATUAN PEMBANGUNAN (PPP) AKAN TETAP BERADA DI DALAM KOALISI HINGGA 2014MENTERI AGAMA SURYA DHARMA ALI MENGUTUK AKSI BOM BUNUH DIRI DI MAPOLRESTA CIREBON, JAWA BARAT (15/4)PRAKIRAAN CUACA DI DIY HARI INI: HUJAN RINGAN, SUHU: 22 – 31 DERAJAT CELCIUS, KELEMBABAN: 59 – 97 PERSENMOTIF DAN IDENTITAS PELAKU BOM BUNUH DIRI DI MAPOLRES CIREBON BELUM DIKETAHUIANTISIPASI AKSI BOM, TENTARA DAN POLISI JAGA BANDARA SOEKARNO-HATTAKOMISI YUDISIAL (KY) MENEMUKAN INDIKASI ADANYA PENGABAIAN BUKTI YANG DILAKUKAN HAKIM PADA PERKARA ANTASARI AZHARNATO MEMINTA MAAF ATAS TERBUNUHNYA SEMBILAN WARGA SIPIL SAAT BEROPERASI DI KAWASAN AFGANISTAN TIMUR LAUT

Friday, April 8, 2011

Pagelaran Kethoprak Wartawan

Ngayogyakarta, www.jogjatv.tv - Juru warta utawi wartawan, nalika nglampahaken pakaryanipun asring nyoroti lampahing politik pemerintahan. Lajeng kadospundi menawi para juru warta kasebat kadhapuk dados para narapraja salebeting pagelaran kethoprak, kanthi maneka lampah politik-ipun? Kangge mengeti Hari Pers Nasional ingkang kaping 65, malem Jemuah(7/4), mapan ing Concert Hall Taman Budaya Yogyakarta, Persatuan Wartawan Indonesia, PWI Cabang Yogyakarta, nggelar kethoprak kanthi lampahan “Gonjang-Ganjing Kabar Miring”.
Sinaosa kadhapuk kanthi dadakan, para juruwarta warganing PWI Cabang Yogyakarta punika tetela prigel nglampahaken dhapukanipun, salebeting lampahan kethoprak “Gonjang-Ganjing Kabar Miring”, kanthi Sutradara Nano Asmorondono. Para juru warta ingkang ayahan padatanipun luru pawartos, ing malem Jemuah(7/4), mapan ing Concert Hall Taman Budaya Yogyakarta, kedah saged nglampahaken dhapukan ingkang nyariosaken ruwet rentenging politik ing pamaretahan sarta ngudhari perkawis kasebat lumantar dhapukanipun piyambak piyambak. Boten namung para juru warta kemawon, pagelaran kethoprak wartawan punika ugi dipun regengaken dening para pejabat, kadosta Kepala Kanwil Pajak DIY, Djangkung Sudjarwadi, warganing DPR RI - Gandung Pardiman, sarta sawetawis seniman dhagelan Ngayogyakarta kadosta Marwoto, Kelik Pelipurlara, Yu Beruk, Anang Batas lan Den Baguse Ngarso.
Pagelaran kethoprak wartawan ingkang mujudaken rerangkening pengetan Hari Pers Nasional ingkang kaping 65 punika, sawetawis ugi ngrembag maneka perkawis ingkang saweg monjo, kadosta perkawis Bank Century, PSSI lan ugi Melinda Dee, kanthi rinacik gegujengan cara Ngayogyakarta, ingkang saged damel gumujengipun pamirsa. Kethoprak wartawan punika sengaja nglampahaken lampahan “Gonjang-Ganjing Kabar Miring”, minangka panyaruwe dhateng suwasana politik negari samangke, ingkang kados panggung kethoprak. Kathah perkawis ageng ingkang boten saged ingudharan. Awit saking punika dipun betahaken media massa lan ugi juru warta, ingkang saged suka pawartos imbang dhateng masyarakat.

Hery Poernomo

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 

© 2011 Jogjatv template. Powered by Blogger.

Jogja TV by M. Safii