Klaten, www.jogjatv.tv - Racakipun para wanita ing Desa Banyuripan, Kecamatan Bayat, Kabupaten Klaten, minangka  perajin bathik. Menawi sakawit kerajinan bathik ngrembaka ing wewengkon kraton, nanging samangke sampun mratah. Kepara  para perajin bathik saking banyuripan saged damel  bathik, ngginakaken pewarna alam saking ronronan lan klika kajeng. 
Menawi pinuju tindak dhateng Desa Banyuripan, Kecamatan Bayat, Kabupaten Klaten, badhe kathah manggihaken industri rumah tangga kerajinan bathik. Ingkang nggarap bathik racakipun para wanita.
Miturut Sugiyanti, salah satunggalipun perajin bathik sakawit bathik ngrembaka ing kraton, nanging samangke bathik sampun mratah. Kepara awit pangrembakaning jaman, perajin bathik saged damel bathik kanthi cakrik mirunggan laras kaliyan pangrembakaning jaman. Supados mboten ngrisak wewengkon, pandameling bathik ngginakaken pewarna alam saking ronronan lan klika kajeng, kadosta ron lan klika mahoni, sarta jalawe. Perajin milih ngrembakaken bathik pewarna alam, awit kathahipun welingan, jalaran mutunipun langkung sae sarta mboten ngrisak wewengkon.
Tim Liputan