SELAMAT DATANG DI BLOG JOGJA TV, HADIR DENGAN TRADISI KHAS JOGJA DARI JAM 06.00 WIB - 24.00 WIBKAPOLRES CIREBON AKBP HERUKOCO YANG MENJADI KORBAN BOM BUNUH DIRI DI MASJID MILIK MAPOLRES CIREBON KOTA SUDAH MULAI STABIL AKBP HERUKOCO MENJALANI RAWAT INAP DI RS PERTAMINA, KOTA CIREBON, JAWA BARATKORBAN BOM BUNUH DIRI DI MASJID MAPOLRESTA CIREBON 30 ORANG LUKA, 24 DIANTARANYA POLISI POLISI MASIH MENCARI IDENTITAS PELAKU BOM BUNUH DIRI YANG TEWAS DALAM SERANGAN BOM TERSEBUTFORUM UMAT ISLAM (FUI): PELAKU BOM BUNUH DIRI TAK PAHAM ATURAN JIHADFUI MENGUTUK BOM BUNUH DIRI DI MASJID MAPOLRES CIREBONFUI MENDUGA ADA UPAYA UNTUK MENGADU DOMBA UMAT ISLAM DAN POLISIFUI MEMINTA UMAT ISLAM AGAR WASPADA TERHADAP AKSI-AKSI PROVOKATIFSEBUAH KAPAL TUA DITEMUKAN DI AREAL SAWAH MILIK LASMIJAN DI JALUR 16 DESA MARGOMULYO, KECAMATAN MUARASUGIHAN, BANYUASINSEORANG TKI DI YORDANIA BERNAMA NURUL AHMAD LUKMAN DISIKSA MAJIKANNYA HINGGA BUTA SEBELAHPEMERINTAH SUDAH MENGIRIM PASUKAN KHUSUS UNTUK MEMBEBASKAN SANDERAPEMERINTAH AKHIRNYA MEMILIH JALUR NEGOSIASI DAN MEMPERSIAPKAN UANG UNTUK MENEBUS SANDERA YANG DITAWAN PEROMPAK SOMALIAPARTAI PERSATUAN PEMBANGUNAN (PPP) AKAN TETAP BERADA DI DALAM KOALISI HINGGA 2014MENTERI AGAMA SURYA DHARMA ALI MENGUTUK AKSI BOM BUNUH DIRI DI MAPOLRESTA CIREBON, JAWA BARAT (15/4)PRAKIRAAN CUACA DI DIY HARI INI: HUJAN RINGAN, SUHU: 22 – 31 DERAJAT CELCIUS, KELEMBABAN: 59 – 97 PERSENMOTIF DAN IDENTITAS PELAKU BOM BUNUH DIRI DI MAPOLRES CIREBON BELUM DIKETAHUIANTISIPASI AKSI BOM, TENTARA DAN POLISI JAGA BANDARA SOEKARNO-HATTAKOMISI YUDISIAL (KY) MENEMUKAN INDIKASI ADANYA PENGABAIAN BUKTI YANG DILAKUKAN HAKIM PADA PERKARA ANTASARI AZHARNATO MEMINTA MAAF ATAS TERBUNUHNYA SEMBILAN WARGA SIPIL SAAT BEROPERASI DI KAWASAN AFGANISTAN TIMUR LAUT

Monday, April 18, 2011

Pameran Reuni Detik 96

Ngayogyakarta, www.jogjatv.tv - Romantisme dados perangan ingkang nengsemaken tumrapipun Komunitas Perupa Alumnus ISI Yogyakarta angkatan taun 96, kangge nggugah bab kasebat, Komunitas Detik 96 nggelar pameran seni rupa reuni ingkang kaping 2, mapan ing Taman Budaya Yogyakarta. Puluhan wohing pakaryan seni rupa dipun pajang minangka wujud tetegipun pilihan mecaki lampah gesang sasampunipun lulus kuliah.
Kanthi dipun kepyakaken dening GBPH Yudaningrat, pameran seni rupa sesirah Uprising ingkang dipun gelar dening Keluarga Detik 96 punika mameraken maneka wohing pakaryan seni saking warganing komunitas. Wohing pakaryan seni kasebat kathah ingkang mralambangaken maneka bab, wiwit saking perkawis sosial minangka pangaribawa modernisasi ngantos pangaribawa kurdaning Redi Merapi taun 2010 kapengker.
Pameran punika mujudaken pameran ingkang kaping 4 saking Keluarga Detik 96 sasampunipun lulus saking ISI Yogyakarta, lan pameran reuni ingkang kaping 2 tumrap komunitas kasebat. Sinaosa saking angkatan taun 1996 boten sedayanipun dados seniman, nanging bab punika sanes bab ingkang wigatos lan saged nuwuhaken perdondi. Bab kasebat jalaran saben lulusan sampun gadhah pilihan mecaki lampah gesangipun piyambak-piyambak laras kaliyan krenteging manahipun. Sinaosa makaten, taksih wonten sawetawis paraga ingkang nggegegi jalur seni rupa lan asring tumut pameran inggih ing Indonesia lan mancanagari, kadosta Made Palguna, Agus Baqul, Januri, Nyoman Suyasa lan ugi Nengah Sujena. Lumantar pameran punika Keluarga Detik 96 ngajab supados ajang punika sanes sarana kangge pados pamedal lan kuncara kemawon, nanging minangka ajang temu kangen warga komunitas. Pameran ing Taman Budaya Yogyakarta punika dipun gelar wiwit tanggal 17-21 April benjang.

Ernyta-Andri Yulianto


Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 

© 2011 Jogjatv template. Powered by Blogger.

Jogja TV by M. Safii