SELAMAT DATANG DI BLOG JOGJA TV, HADIR DENGAN TRADISI KHAS JOGJA DARI JAM 06.00 WIB - 24.00 WIBKAPOLRES CIREBON AKBP HERUKOCO YANG MENJADI KORBAN BOM BUNUH DIRI DI MASJID MILIK MAPOLRES CIREBON KOTA SUDAH MULAI STABIL AKBP HERUKOCO MENJALANI RAWAT INAP DI RS PERTAMINA, KOTA CIREBON, JAWA BARATKORBAN BOM BUNUH DIRI DI MASJID MAPOLRESTA CIREBON 30 ORANG LUKA, 24 DIANTARANYA POLISI POLISI MASIH MENCARI IDENTITAS PELAKU BOM BUNUH DIRI YANG TEWAS DALAM SERANGAN BOM TERSEBUTFORUM UMAT ISLAM (FUI): PELAKU BOM BUNUH DIRI TAK PAHAM ATURAN JIHADFUI MENGUTUK BOM BUNUH DIRI DI MASJID MAPOLRES CIREBONFUI MENDUGA ADA UPAYA UNTUK MENGADU DOMBA UMAT ISLAM DAN POLISIFUI MEMINTA UMAT ISLAM AGAR WASPADA TERHADAP AKSI-AKSI PROVOKATIFSEBUAH KAPAL TUA DITEMUKAN DI AREAL SAWAH MILIK LASMIJAN DI JALUR 16 DESA MARGOMULYO, KECAMATAN MUARASUGIHAN, BANYUASINSEORANG TKI DI YORDANIA BERNAMA NURUL AHMAD LUKMAN DISIKSA MAJIKANNYA HINGGA BUTA SEBELAHPEMERINTAH SUDAH MENGIRIM PASUKAN KHUSUS UNTUK MEMBEBASKAN SANDERAPEMERINTAH AKHIRNYA MEMILIH JALUR NEGOSIASI DAN MEMPERSIAPKAN UANG UNTUK MENEBUS SANDERA YANG DITAWAN PEROMPAK SOMALIAPARTAI PERSATUAN PEMBANGUNAN (PPP) AKAN TETAP BERADA DI DALAM KOALISI HINGGA 2014MENTERI AGAMA SURYA DHARMA ALI MENGUTUK AKSI BOM BUNUH DIRI DI MAPOLRESTA CIREBON, JAWA BARAT (15/4)PRAKIRAAN CUACA DI DIY HARI INI: HUJAN RINGAN, SUHU: 22 – 31 DERAJAT CELCIUS, KELEMBABAN: 59 – 97 PERSENMOTIF DAN IDENTITAS PELAKU BOM BUNUH DIRI DI MAPOLRES CIREBON BELUM DIKETAHUIANTISIPASI AKSI BOM, TENTARA DAN POLISI JAGA BANDARA SOEKARNO-HATTAKOMISI YUDISIAL (KY) MENEMUKAN INDIKASI ADANYA PENGABAIAN BUKTI YANG DILAKUKAN HAKIM PADA PERKARA ANTASARI AZHARNATO MEMINTA MAAF ATAS TERBUNUHNYA SEMBILAN WARGA SIPIL SAAT BEROPERASI DI KAWASAN AFGANISTAN TIMUR LAUT

Monday, April 18, 2011

Tradisi Rebatan Gunungan

Yogyakarta, www.jogjatv.tv - Ing saben lampah kirab budaya, ingkang ancasipun nglestantunaken upacara adapt, gunungan mujudaken perangan ingkang wigati, salebetipun kirab. Lan ingkang narik kawigatosan, ing saben pungkasaning upacara adapt, gunungan tansah kemawon dados rebatanipun warga. Bab punika awit wontenipun kapitadosan bilih peranganing gunungan saged ndhatengaken berkah.


Sasampunipun paripurna dipun dongani, gunungan ingkang kadamel saking wulu wedaling bumi sarta tetedhan tradisional, lajeng dipun rebataken dhateng warga ingkang ningali lampahing kirab gunungan. Kawontenan kados makaten asring dipun panggihaken salebeting lampah upacara adat ingkang dipun adani ing saben tlatah. Katingalipun sampun dados tradisi bilih lampahing upacara adat tansah dipun antu–antu dening warga.
Kados ingkang katingal salebeting Upacara Kirab Budaya Mataram Ageng Kuthogede punika. Warga kupiya sami ngrebat peranganing gunungan ingkang sampun dipun dongani. Kepara ing antawisipun warga ingkang boten kasil ngrebat gunungan, trimah mendheti sisa gunungan ingkang kecer. Warga ingkang dhateng, mboten namung asal saking wewengkon Kotagede kemawon, ananging ugi asal saking maneka tlatah. Pangajabipun warga, peranganing gunungan badhe saged ndhatengaken berkah salebeting panggesangan. Bab punika temtu kemawon namung pangajab kemawon, sanes katujokaken minangka tumindak musrik.

Afirtha Diah Apsari-Abdul Maarif

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 

© 2011 Jogjatv template. Powered by Blogger.

Jogja TV by M. Safii